Mukidi Numpak Bis - Mukidi (8 th) cah Klaten arep lungo, diterke simbokne nyegat bis.

Kernet bis: "Suroboyo, Suroboyo, bu?"

Simboke Mukidi: "Pak tulung nggih, mengke nek pun tekan Jombang, lare niki dikandani.

Kernet: "nggeh bu, tariiiikkk"

Nang terminal Solo Mukidi takon kernet bis, "Wes cedhak Jombang durung Lik ?"

Kernet: "Durung lee.. jek suwe"

Ora let suwe tekan Sragen, Mukidi takon maneh, "Wes tekan Jombang Lik ?"

Kernet: "Durung Lee.... jik uuuaduuooohh"

Mukidi bosen ora tekan-tekan. Akhire keturon. Bus terus mlaku arah Suroboyo. Ora kroso bis wes ngliwati Jombang. Kenek lali pesenane mboke Mukidi. Bareng kelingan, kernet langsung omong nang sopir, "Duuh kang, aku duso nang bocah kui, karo nuding Mukidi seng lagi turu nggleser.

Sopir: "Lho kenopo, to?"

Kernet: "Mau mboke nitipke, yen tekan Jombang bocahe tulung kandanono"

"Wah, lha piye kowe kui. Jombang wes kliwat adoh", Jawab sopire, bingung.

Tujune sopire apikan, gelem balik nang Jombang. Sak wise njaluk persetujuan karo penumpang liyane, mergo mesakke karo si Mukidi. Sak wise bis tekan Jombang, Mukidi digugah.

Kernet: "Lee... tangi lee. Wes tekan Jombang, ki", karo nggoyang goyang awakke Mukidi.

Mukidi njenggirat, "Wes tekan Jombang lik?", Karo grusa grusu mbukak kantong, ngetokke sangune; sego sambel, lawuhe iwak asin.

Kernet takon, "Arep mudhun kene lee..?"

"Ora Lik..... wong aku arep nang Suroboyo. Mau simbokku pesen, sangune mengko dipangan nek wes tekan Jombang wae yo le", jawab Mukidi karo muluk sego.

Kernet, sopir, lan kabeh penumpang muni bareng:
"WEDHUUUSS tenan cah iki.... tiwase mbaliiik!"


Penulis: Lek Tyo
Categories: ,

2 komentar

waduh ane gak ngerti bahasa jawanya, padahal ane suka cerita si mukidi ini, ceritanya unik dan lucu2

Ada versi Indonesianya, Om. Memang kocak Si Mukidi =D

Komentar akan OTOMATIS DIHAPUS jika memberikan komentar mengandung iklan, link aktif, dan perkataan yang tidak sopan. Terima Kasih ^_^